Senin, 07 Februari 2011

Unsur-unsur Intrinsik

1.Tema,inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
2.Paraga,inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos.
3.Penokohan,inggih menika gambaran watak paraga.
4.Alur/plot,inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
5.Latar/setting,inggih menika panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos.
6.Amanat/pesan,inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos.
7.Sudut pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
   Pangripta saged dados:
   -Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )
   -Purusa katiga (orang ketiga )
   -Sarwi mangertos (serba tahu )

Senin, 31 Januari 2011

Tegese Panambang-an

1.Oleh-olehane kriya  yaiku  bathikan,tulisan,gambaran.
2.Dadi lesaning kriya yaiku  sumbangan,panganan,masakan.
3.Memper utawa tetiron  yaiku  jaranan,wong-wongan,anak-anakan.
4.Panggonan yaiku  krakalan,alang-alangan,pandhean.
5.Pirant yaiku  sempritan,kenthongan,tulupan.
6.Genti-genti yaiku  jotosan,tempilingan,gebugan
7.Kadhunungan sifat yaiku  wegahan,lalen,elingan.
8.Nganggo/ngetrapake yaiku  klambenan,payungan,slendhangan.
9.Akeh yaiku  satusan,ewonan.
10.Gampang yaiku  tugelan,kalahan,menangan.

Senin, 10 Januari 2011

Caranipun nyerat laporan kunjungan kanthi urutan

A.Laporan Kunjungan :

1.Nemtokaken objek panggenan kunjungan
2.Nemtokaken irah-irahan laporan
3.Ndamel cengkorongan (kerangka) laporan
   umpaminipun :
   a.Dinten lan titimangsa anggenipun nindakaken kunjungan
   b.Ancasipun kunjungan
   c.Ingkang ndherek kunjungan
   d.Ragadipun kunjungan
   e.Jinisipun kunjungan
   f.Asilipun kunjungan
4.Mekaraken utawi ngrembakakaken cengkorongan (kerangka) dados laporan jangkep.
B.Tembung Entar :
  
    Tuladha :
   1.Tipis lambene              : criwis
   2.Ngabangake kuping    : gawe nesu
   3.Lobok atine                : sabar
   4.Lunyu ilate                  :mencla-mencle
   5.Ngedhekake puluk     : nengenake pangan.